Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Lirik Lagu Campursari Ngapak Purbalingga - Dedy Pitak Bagian 2

Lirik Lagu Campursari Ngapak Purbalingga - Dedy Pitak

Lirik Lagu Dedy Pitak Taman Gringsing

Lirik Lagu Campursari Ngapak Purbalingga - Dedy Pitak

Vocal: Dedy Pitak
Produksi: DP Studio Production
Genre: Campusari Ngapak
Album: Purbalingga Mbangun Vol 1

Purbalingga ana kali nang tengah kota
Taman gringsing wong sing pada ngarani
Ngisor kembatan kanggo taman wisata
Jurug Gringsing panggonan sing nyenengi

Wong sing tua pada ngrembug keluarga
Wong sing enom pada ngrembug soal cinta
Bocah bocah pada dolanan playstation
Saben dina ora pada bosen-bosen

Reff
Taman Gringsing
Endaeh kaya lembah
Bebek-bebekan dolanane bocah-bocah

banyu mili
Suarane gemringsing
Kanggo ngilangna ati sing pada pusing

Ayo maju maju terus pantang mundur
Nguru-uri peninggalane leluhur

Cita-cita bupati purbalingga
Daeraeh digawe wisata budaya
Ana kali, ana makam lan petilasan
Dadi tujuane para wisatawan

Lirik Lagu Dady Pitak Patung Knalpot


Vocal: Dedy Pitak
Produksi: DP Studio Production
Genre: Campusari Ngapak
Album: Purbalingga Mbangun Vol 1

Nang pertelon serang
Ana watu njlegudag nang dalan
Kaya wong lagi ndodok
Patote ngoncori kodok

Milang mileng jane aparane
Diparani sengsaya genah wujude
Eh copot copot (pot..)
Jebul patung wong gawe knalpot

Reff
Dasare wong Sayangan penguripane
Gawe knalpot, kompor, dandang lan gamelane
Kawit gemiyen nganti tekan sekiyene
Nggawe purbalingga kaya jepang nang Indonesia

Mobil montor suarane ngejes pisan
Sebabe nganggo knalpot sayangan
Sing warnane putih disekrumi
Kaya prawan gunung sing diparemi

Lirik Lagu Dedy Pitak Gang Mayong


Vocal: Dedy Pitak
Produksi: DP Studio Production
Genre: Campusari Ngapak
Album: Purbalingga Mbangun Vol 1

Sore sore mlaku nang Purbalingga
Golet bae tugu jam simpang tiga
Panggonane tua muda golet selera
Panganane enak lan werna-werna

Nang Gang Mayong akeh sing pada kloyong
Ngogoleti gule, opor lan sate lontong
Soto ayam, jahe susu, mendoane
Enake dipangan panas rame-rame

Reff
Bakule karo ngguyu ndodoline
Tuku tempe jarene iwak lele
Tempe karo lele apa enake
Jere bakule kuwe uwis jodone

Gula jawa dipangan karo klapa
Milang mileng jane nggoleti sapa
Ana bunder-bunder disarungi clana
Jebule kurungan manuk cucak rawa

Lirik Lagu Dedy Pitak MI Sambas


Vocal: Dedy Pitak
Produksi: DP Studio Production
Genre: Campusari Ngapak
Album: Purbalingga Mbangun Vol 1

Sambas neng Purbalingga
Nduwe usaha werna-werna
Dalan, bengkel sekolahan
MI Sambas sing dadi unggulan

Mencerdaskan masyarakat
Usaha nggo dunya akherat
MI Sambas wis memikat
Pendidikane wis katon meningkat

Reff
Mendidik moral agama
Njaga etika lan tata krama
Wong tuane ora perlu susah-susah
Angger anake wis pada sekolah

MI Sambas Purbalingga
Wis kondang nang ngendi ora
Saben lomba mesti dadi juara
Sebab didikane paling utama

MI Sambas pancen megah
Lingkungane katon sumringah
Muride rajin kabeh
Insya Alloh dadi wong soleh

Lirik Lagu Dedy Pitak Greget Bobotsari


Vocal: Dedy Pitak
Produksi: DP Studio Production
Genre: Campusari Ngapak
Album: Purbalingga Mbangun Vol 1

Purbalingga wolulas kecamatane
Bobotsari kuwe salah sijine
Masyarakate giat nyambut gawe
Penting kanggo nguripi keluargane

Ora awan ora sore pada bae
Bobotsari kotane sengsaya rame
Purbalingga kahanan ekonomine
Meh separo nang Bobotsari mutere

Bobotsari gemiyene ngedab-edabi
Ceritane akeh wong sing pada wedi
Ninge siki wis dadi kebalikane
Kanggo dalan golet sandang lan pangane

Pedagang petani lan juragane
Kumpul bareng dadi siji nang pasare
Ora keri ojek lang angkutane
Pada teratur njaga ketertibane

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Campursari Ngapak Purbalingga - Dedy Pitak Bagian 2"